Friday, October 17, 2008

Top Opini Minggu Ini Dari Seorang Dalang Tiban Di Jakarta

KENDANG PERANG WUS KUMANDANG

Kendang perang wus kumandang
Pro kadang monggo kito sami tumandang
sayuk rukun bebarengan
murih tirtomoyo Cemerlang
Kendang perang wus kumandang
Pro mitro monggo kito sami satoto
sayuk rukun ambangun deso
murih tirtomoyo enggal raharjo
Kendang perang wus kumandang
tandang gawe tanpo daredah
njangkah salahkah mboko salangkah
murih tirtomoyo enggal gumregah
Milo monggo dulur,
kito sami gegandhengan asto,
cancut tali wondo
murih Tirtomoyo Nggegono,...

Karena Genderang Perang dah terlanjur kita kumandangkan monggo lur, saling merapatkan barisan, kita satukan element pendukung, kita jalankan apa yang pernah kita rencanakan, namun ini sekedar usulan saya, apakah tidak sebaiknya kita bentuk dulu kepanitiaan yang komplit, jadi tanggung jawab dah kita bagi, tidak di atas pundak salah satu orang, dan rasanya akan lebih ringan kita menjalankan tugas masing2.

Poro kadang, monggo poro2 ingkang sampun pono ing babagan IT, monggo pun rancang dos pundi rencana kerjanipun, manawi sampun, kito2 ingkang mboten mangertos babagan IT monggo pun bagehi punopo, sampun manut kemawon, monggo mumpung masih 111 derajat F jangan sampai suhu ini turun, kalau sampai turun kita menaikanya lagi agak susah, maka harus kita jga supaya minimal tetap 111 Der F supaya pada saatnya nanti lebih mudah utk menaikan menjadi 112 der. F, dan kalau sudah mencapai suhu itu siapa yg mampu menghentikan, milo monggo Lur ayo ndang Cancut, taliwondo murih Tirtomoyo Raharjo, lan nggegono ing saindenging bawono.

TIRTOMOYO

Tankenaning owah barang kang wus karancan
Ing kene kito kabeh kang bakal kagowo
Resik ngarep-resik mburi tan ono kang kuciwo
Toto-toto gumregut nggugah kang nembe kapidoro
Ombyaking kahanan kang bakal kelakon
Mung kita kabeh kang bakal hanglampahi
Ojo mung siji mboko sawiji
Yengkuyung rancangan enggal dumadi
Oncating sedyo, sumusul Praptane Tirtomoyo cemerlang
Nuwun
Agus P

No comments: